NYADRAN TENONGAN


SEJARAH DHUSUN GIYANTI

 

Wontenipun Dhusun Giyanti mboten saged pinisahaken kaliyan prastawa Prejanjen Bedhamen Palihan Nagari ing Mataram. Rikala semanten Praja Mataram nedheng kinobar perang kadang, antawisipun Sri Sunan Pakubuwono III kaliyan ingkang paman, Pangeran Mangkubumi, kawiwitan taun 1746 dumugi taun 1755. Perang wau sanget ngringkihaken Praja Mataram. Awit saking campur tanganipun Kompeni Walandi, wusana priyagung kekalih menika purun ngawontenaken Prejanjen Bedhamen. Dipunpandhegani dening Gubernur-Direktur Jawa Utara Nicolaas Hartingh, lan  dipun tapak astani dening Sri Sunan Pakubuwono III kaliyan Pangeran Mangkubumi, dene suraosipun inggih menika: Praja Mataram dipunpalih, Mataram Surakarta Hadiningrat kaparingaken Sri Sunan Pakubuwono III, lan Mataram Ngayogyakarta Hadiningrat kaparingaken Pangeran Mangkubumi, ingkang salajengipun jejuluk Sri Sultan Hamengkubuwono I. Prejanjen kala wau dipunwontenaken ing titi mangsa 13 Februari 1755 mapan wonten ara-ara Jantiharjo tlatah Karanganyar, mila Prejanjen Bedhamen Palihan Nagari menika sinebat Prejanjen Njanti utawi Perjanjian Giyanti.

Salah satunggiling sentana Mataram inggih menika Tumenggung Mertalaya mboten sarujuk kaliyan surasaning prejanjen menika. Tumenggung Mertalaya grahita mbokbilih menika namung pokalipun Kompeni Walandi ingkang badhe ngrabasa Bumi Mataram kanthi siasat Devide et Impera utawi siasat adu domba. Pramila Tumenggung Mertalaya lajeng linggar praja namur kawula, njajah desa milang kori. Ing samargi-margi namung mriksani para kawula sanget nandhang prihatin awit trekahipun Kompeni. Tumenggung Mertalaya lajeng nenuwun dhumateng Gusti Ingkang Akarya Jagad supados para kawula Mataram enggal luwar saking sakathahing pacoben.

Tumenggung Mertalaya nampi wangsit supados memangun tatanan enggal ingkang saged dados cepenganipun sagung kawula dasih. Dupi nampi wangsit menika Tumenggung Mertalaya nglajengaken lampah ngantos dumugi satunggiling padhukuhan. Ing padhukuhan wau Tumenggung Mertalaya kepanggih kaliyan Ki Monyet lan Ki Mranggi. Tetiga sami bantu-binantu mranata para warga ing mriku. Tumenggung Mertalaya mranata bab tata peprentahan, agami, dalah seni budaya. Ki Monyet paring piwulang bab tetanen, dene Ki Mranggi paring pangertosan babagan pertukangan lan perundagian.

Mboten watawis dangu padhukuhan menika dados regeng, para warga sengkud manembah dhateng Gusti, sregep olah tetanen ngantos panen ageng, tuwuh samubarang wulu wedalipun, mboten kantun para warga ugi sanget migatosaken dhateng lestarining seni lan kabudayan. Mila datan mokal menawi pagesangan ing padhukuhan menika tansah ayom-ayem, tata titi tentrem. Tumenggung Mertalaya, Ki Monyet, dalah Ki Mranggi sanget mongkog penggalihipun, nuli paring pitungkas dhateng para warga supados ngawontenaken Merti Desa utawi Nyadran ingkang dhumawah pendhak taun ing Wulan Muharram nggih Wulan Suro saben dinten Jum’at Kliwon. Ancasipun supados para warga tansah ngagengaken raos syukur dhumateng sedaya sih nugraha saking Gusti Allah, lan napak tilas labuh-labetipun para ingkang sami bubak panggenan menika. Wondene lumadining Nyadran antawisipun: ziarah makam para luhur, anggelar tenongan arupi sedaya asil bumi lan wulu wedalipun, dalah nggiyaraken tetingalan seni lan budaya. Dene ingkang pungkasan, minangka pepeling kagem putra wayah wontenipun Prejanjen Bedhamen Palihan Nagari ingkang dados sabab bubaking tatanan enggal ing padhukuhan menika, pramila salajengipun padhukuhan menika winastan DHUSUN GIYANTI.       

 

 

 

 REFERENSI

 

Anwar, Tatag Taufani. 2016. Giyanti Winangun. Kantor ARPUSDA Kab. Wonosobo.

Poerwokoesoemo, Soedarisman. 1985. Kadipaten Pakualaman. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press.

Wahyu, HR. 2013. Terbelahnya Singgasana. Yogyakarta: DIVA PRESS.

www.wikipedia.com

 


Total Dibaca

Semoga antar lembaga bisa saling bersinergi dengan menjunjung tinggi prinsip:

  • Melu Handarbeni
  • Melu Hangrungkebi
  • Mulat Sarira Hangrasa Wani

Contact Details

Telephone: -
Email:  adipatikadipaten@yahoo.com
Website: https://kadipaten-selomerto.wonosobokab.go.id

Jalan Sumberwulan - Binangun